SELAMAT DATANG DI BLOG AGUPENA PEKALONGAN

Minggu, 01 April 2012

MIRIS

Posted by AGUPENA Pekalongan on 10.43 0 komentar

dening : Mastohar


lemes
nalika ngaweruhi pratingkahmu
biyen dakgumuni
alusing bebudenmu
bektimu marang gurulaki
lan Pangeranmu

lemes
nalika adoh lakumu
kaya ngoncati panduluku

miyaka
klebetan - klebetan kang wuns kawuri
nalika jenjem ngreratu ati
sumunar cahyaning wahyu sejati

mung kaya katiyup angin
kablebeg lendhut blegedapa
kalis tanpa sisa

lemes
tan ana daya menggak
ronghing atimu
kaya-kaya bakal ngemut sakisining bawana

lemes
Continue...